Ayo sinau basa Jawa.

1. Apa tegese adigang, adigung, adiguna?
    Wangsulan : Wong sing ngendelake kekuatan , keluhuran , lan kapinteran
2. Apa tegese ana gula ana semut?
    Wangsulan : Panggonan sing ngrejekeni mesthi akeh sing nekani.
3. Apa tegese anak polah bapa kepradah?
    Wangsulan Wong tua nemu reribed amarga saka polahe anak.
4. Apa tegese ancik-ancik pucuking eri?
    Wangsulan : Wong kang tansah sumelang yen keluputan.
5.Apa tegese asu marani gepuk?
    Wangsulan : njarak marani bebaya.
6. Apa tegese Baladewa ilang gapite?
    Wangsulan : ilang kaluhurane.
7. Apa tegese bathok bolu isi madu?
   Wangsulan : Wong asor nanging sugih kapinteran.
8. Apa tegese becik ketitik ala ketara?
    Wangsulan : Becik ala bakal ketara ing tembe burine.
9. Apa tegese belo melu seton ?
   Wangsulan : Mung mela melu bae ora ngerti karebe.
10. Apa tegese buru uceng kelangan dheleg?
   Wangsulan : mburu barang sepele kelangan barang sing aji.
11. Apa tegese busuk ketekuk pinter keblinger?
   Wangsulan : badho lan pinter padha dene nemoni cilaka.
12. Apa tegese cebol nggayuh lintang?
   Wangsulan : duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon.
13. Apa tegese cecak nguntal empyak .
   wangsulan : gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane.
14. Apa tegese cedhak celeng boloten ?
    Wangsulan : cedhak karo wong ala njalari katut ala.
15. Apa tegese cincing-cincing meksa klebus?
   Wangsulan : Rekane arep ngirit nangiong meksa entek akeh.
16. Apa tegese dhandhang diunekake kuntul , kuntul diunekake dhandhang?
   Wangsulan : ala diunekake apik, apik diunekake ala.
17. Apa tegese desa mawa cara, nagara mawa tata?
   Wangsulan : Saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
18. Apa tegese dhemit ora ndulit setan ora doyan.
   Wangsulan : tansah ginanjar slamet, ora ana reribed.
19. Apa tegese dikena iwake aja nganti buthek banyune?
   Wangsulan : bisa kelaksanan karepe tanpa gawe gendra.
20. Apa tegese emban cindhe emban siladan?
   Wangsulan : siji lan sijine ora padha pangrengkuhe (ora adil)
21. Apa tegese endhas gundul dikepeti?
   Wangsulan : wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh.
22. Apa tegese entek golek kurang amek?
   Wangsulan olehe ngenen-uneni sakatoge.
23. Apa tegese gajah ngidak rapak?
   wangsulan : Wong sing nrajang wewalere dewe.
24. Apa tegese gupak pulut ora mangan nangkane ?
   Wangsulan : melu rekasa ora melu kepenake.
25. Apa tegese njajah desa milang kori ?
   Wangsulan lelungan menyang ngendi-endi.
edit post

Comments

0 Response to 'Basa Jawa Sekolah Dasar'

Posting Komentar